Wonten kabudayan jawa ingkang dereng kathah dipun mangertosi piyantun jawi antawisipun Dina Sapta Wara lan Dina Pancawara, Dina Saptawara yaiku dina pepitu utawa dina umum, lan Dina Pancawara yaiku Dina Pasaran utawa dina lelima.
Kang Kalebu Dina Saptawara yaiku :
Senen =soma =Becik Neptune 4 Tegese neptu 4 nerangake arah ndonya
Selasa = Anggara = lunga Neptune 3 Tegese Neptu 3 Nerangake tali pati
Rebu = Budha = Gedhe Neptune 7 Tegese Neptu 7 Nerangake Susunane langait lan bumi
Kemis = Respati = kasih Neptune 8 Tegese Neptu 8 Nerangake dununge wongurip ing ndonya
Jemuah = sukra = teges Neptune 6 Tegese neptu 6 Nerangake dununge wong kang wis tumekane pati
Setu = tumpak = wates = Neptune 9 Tegese neptu 9 nerangake dununge wong urip ing ndonya nganti akherat
Akhad = radite = pungkasan Neptune 5 Tegese neptu 5 nerangake dununge wong urip ora oleh ngakoni limang perkara utawa ma lima.
Kang Kalebu Dina Pancawara utawa dina Pasaran
Legi = Putihan = Manis Neptune 5 Nerangake wong urip kudu nglakoni lima perkara lan ora oleh nglanggar lima perkara
Paing = Abritan = Sabar Neptune 9 Nerangake dununge urip ing ndonya nganti ing akherat
Pon = Kuningan = Duwur Neptune 7 nerangake susunan langit lan bumi
Wage = Cemengan = Cupet = Neptune 4 nerangake arah ndonya wetan kulon, lor kidul
Kliwon = Mancawarna = kasih Neptune 8 nerangake isi lan dununge wong urip ing ndonya
Petungan yen arep ngomah-omahake anak :
Wetone calon manten lanang lan manten wadon neptu dina pasaran kagunggung banjur kabagi 10 utawa 7. Turahe ora kena luwih saka 7. Menawa kabagi 10 turahe luwih saka 7 iku banjur kabagi 7 cacahe tura iku nuduhake ketemuning petungan.
Upamane : Manten lanang wetone Setu legi, lan manten Wadon Rebo kliwon yen digunggung ketemune = 9+5 +7+8= 29 , Manawa dibagi 7 turahe 1 ketemune petungan tiba wasesasegara, kamot jembar budine, sugih pangapura, gedhe prabawane.
Upamane : Manten lanang wetone stupaing lan manten wadon jemuahwage gunggung Neptune ketemu =9+9+6+4 = 28. Menawa dibagi 10 turahe 8 dadi luwih saka 7 dadi ora kena yen dibagi 7 turahe 0 ketemune petungan tiba : lebu katiup angin
Katrangan :
- Yen turah 1 = Wasesa segara, kamot jembar budine, sugih pangapura, gede prawawane
- Yen turah 2 = Tunggaksemi, cepak rejakine
- Yen turah 3 = Satriyawibawa, oleh kamulyan lan kaluhuran
- Yen turah 4 = Sumur sinaba dadi pangungsening kapinteran
- Yen turah 5 = Satriyawirang namdang dukacipta kawirangan. Sarate panolak ngetokake getih kanti mbeleh pitik
- Yen turah 6 = Bumi kapetak petengan aten, nanging taberi ing gawe, kuwat nandang lara lapa, resikan. Sarate panolak mendem lemah
- Yen turah 7 = Lebukatiup angin, nandang papa cintraka kabeh karep bisa ora dadi, kerp ngalih omah. Sarate panolak ngabul-abul lemah
Arane Sasi Taun Lan Windu
Sasi Jawa :
- Sura = Muharram
- Sapar = Shofar
- Mulud = Rabiul awal
- Bakdamulud = Rabiul akhir
- Jumadilawal = Jumadilawal
- Jumadilakir = Jumadilakhir
- Rejeb = Rajab
- Ruwah = Sakban
- Pasa = Ramadhon
- Sawal = Syawal
- Sela = Zulkaedah
- Besar = Zulhijah
Arane Taun :
- Alip
- Ehe
- Jemawal
- Je
- Dal
- Be
- Wawu
- Jemakir
Arane Windu :
- Windu Adi : tegese linuwih, wiwitan becik apik dadi piandele wong akeh, ing windu adi akeh wewangunan kang sarwa endah utawa apik-apik.
- Widu Kuntara : tegese misuwur kondang, ing windu iki akeh barang kang misuwur
- Windu Sangara : tegese mokal aneh nglengkara. Ing windu iki akeh samubarang kang aneh, lucu lan mokal
- Windu Sanjaya : tegese mitra, kanca ing windu iki akeh makluk kang pada memitran mulane akeh wong kang pada ngomah-omahake anake.
Palintangan :
Tumrap wong jawa jaman biyen nalika bingung kanggo nggoleki arah kiblat migunakake anane lintang supaya luwih gampang anggone meruhi apa kang dikarepake. Jeneng-jenenge lintang antarane : Lintang wluku, Banyak Angrem, Jaran Dawuk, Bimasakti, Wuluh, Wulanjar ngirim, Gubug Penceng, Jakabelek lsp.
Lintang Kanggo nitik anane mangsa :
- Mangsa kasa yaiku lintang kang katon aran Sapigumerang
- Mangsa karo yaiku lintang kang katon aran Togih
- Mangsa katelu yaiku lintang kang katon aran Lumbung
- Mangsa kapapat yaiku lintang kang katon aran Jarandawuk
- Mangsa kalima yaiku lintang kang katon aran Banyak angrem
- Mangsa kaenem yaiku lintang kang katon aran Gotongmayit
- Mangsa kapitu yaiku lintang kang katon aran Bimasekti
- Mangsa kawolu yaiku lintang kang katon aran Wulanjar ngirim
- Mangsa kasanga yaiku lintang kang katon aran Wuluh
- Mangsa kasepuluh yaiku lintang kang katon aran Wluku
- Mangsa Desta yaiku lintang kang katon aran Lumbung
- Mangsa Sada yaiku lintang kang katon aran Togih
Gugan Tuhon
Tembung Gugon saka tembung gugu+an. Tegese sipat kang gambang nggugu marang guneme liyan utawa dedongengan. Tembung Tuhon saka tuhu+an . tegese sipat kang gampang tuhu utawa mituhu marang guneming liyan utawa dedongengan. Wongjawa ing jaman biyen gampang nggugu lan ngandhel marang dedongengan kang during karuan bener, lan nyata. Nanging saiki sipat gugon tuhon iku malah prelu kanggo mituturi utawa ngandani, mula ing gugon tuhon uga bisa kanggo lelambaran wong urip supaya luwih ati-ati tumindake. Gugon tuhon iku ana 3 werna : yaiku 1. Gugon tuhon salugu. 2. Gugon tuhon kang isi pitutur lan sandi. 3. Gugon tuhon pepeli utawa wewaler.